Jumat, 01 Oktober 2010

" Parikan Jawa timuran ..."



Kadang lucu kadang megelno
Kadang nyenengno, kadang yo mangkelno
Sedino bungah, rong wulan mecucu
Kari ndelok tekan e tamu

kupat lontong Iwak banyar, 
di pangan karo bakaran ketan
Dadi wong mbok sing sabar
Yen ra sabar kancane setan...:D

Saiki dino e malem sabtu
Wayah e uwong persiapan acara metu
Sing joko bingung nggolek bondo
Sing prawan memeti koyok pitik babon

Aku nang kene mung pemerhati
Seneng ae ndelokno wong2 sing podo bingung merias diri
Apalagi besok kan malem minggu, malem yang panjang jarene sing ngenteni
Pemanasane saiki, chatting2 ato comen2 di dunia maya yang selalu di hati

Aku ngetik iki karo ta sambi ngombe susu
Dikancani gedang goreng anget isine keju
Iki wewacan jok sampe mbok gawe nesu
Aku nang kene mung pengen ndelok wong ngguyu

Kulo kinten cekap semanten
Sayur kupat duduh santen, menawi lepat nyuwun ngapunten
Udan2 ngene enak e mangan djangan koro, rempeyek dele karo sambel goreng pare
Lek pancen aku salah, aku ta njaluk sepuro, wong tuwek iku akeh salahe lha wong enom iku akeh kurangajare.....hehehe..:D

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

disini gan klo mo komen :D